Menu Utama
Tata Wilayah
Interaktif
Dinamika Pembangunan
| Indonesia |
| Artikel |
|
| Ditulis oleh dishubkominfo | |
| Senin, 17 Maret 2008 | |
|
332 SURAT WASIAT
Urip Bisane Murub Mergane Saka Obahe Hurup Ilmu Bisa Tinemu Mergane Laku Pengin Ora Ketanggor Musibah? Kudu Aja Pada Sungkan Maca Sejarah
Nang Brebes Ana 332 Surat Wasiat Yen Galak Aja Clutak Yen Clutak Aja Galak Yen Galak Toli Clutak Pasti.......Nggletak Kuwe Yen Pengin Mbangun Masyarakat Madani Dudu Masyarakat Sing Malah Medeni
Sampeyan Kabeh Pengin Jiwa Ragane Kuwat? Kudu Taat Isine Surat Wasiat Apa Sebab? Nang Tlatah Kabupaten Brebes... Ana Lakon, Satrune Martalaya-Martapura Sing Siji Dikubur Kenang Keris Kyai Kasur Sing Siji Ilang Nyawa, Kenang Keris Jaka Tuwa
Dina Kiye Langka Sing Luwih Penting Tinimbang Pitutur Kiye Akeh Wong Pada Susah Sedulur Ora Ngakoni Silsilah Sing Kekancanan Pada Pecah Sing Dadi Rewang,Keduwuren Njaluke Upah Mulane Saiki Hayuh Pada Srawunge, Maring Wong Sing Niate Pada Ibadah
Mumpung, Esih Ana Adzan Subuh Hayuh Pada banyu Wudhu Nang Tuk Bening, Kaligua Paguyangan Yuh Pada Nginung Klapa Ijo Sing Bardimet Kopral Tarjo Ning Kebon Banjarharjo Jare Khasiate Nambahi Eling Bojo Bisa Ngubah Stres dadi Fresh Karo Nyawer Sinden Karang Bale Larangan Sing Nembang "Buntut Curut Buntut Jaran, Kolang Kaling Sabrang Kana, Kudu Nurut Prentahe Pangeran, Mumpung Urip Ning Alam Dunya"
Mulane Saiki Hayuh Bareng Dedonga Neng-Ning-Nung-Nang Sembur-Sembur Adas Waras Siram-Siram Bayem Ayem Sluman Slumun Slamet, Slamet Sakabehane Slamet Dina Dadine Kabupaten Brebes Sing Kaping 332.
Aku Ora Pengin Duwe Masyarakat Medeni Pengine Masyarakat Madani. Sung ....!!!
13 Januari 2010 Sarasehan Membangun Masyarakat Madani Berbasis Kearifan Lokal
Daning : Drs. Atmo Tan Sidik Diwaca : Zara Zetira BY. |
Webmail
User Login
Prakiraan Cuaca
Link Nasional
| Link Nasional |
Pengunjung







![]() | Hari Ini | 484 |
![]() | Kemarin | 478 |
![]() | Minggu Ini | 2452 |
![]() | Bulan Ini | 5447 |
![]() | Total | 211957 |





